15 Contoh Puisi Bahasa Jawa Geguritan yang Penuh Makna

15 Contoh Puisi Bahasa Jawa Geguritan yang Penuh Makna

Dina sabtu eng wanci injing

Suasana tasih katon remeng

Kang tambah kluruk pitik kang gayeng

Katon siswa SMP kang nggrengseng

Wanci sekolah wiwiti pasinaon

Katah siswa kang sami pitakon

sabtu enjing kanggo lingkungan mawon

Kerjabakti resik pasinaon

Namung tekat saiyeg saeka kapti

Yambut gawe barang kanti senengen ati

Tansah sehat kang diupadi

Lingkungan sekolah kang tetep asri

Puisi Bahasa Jawa tentang Guru

Guru Dalan Uripku

Ora ngira, ora ngipi

Gusti nggawe lakuku saiki

Dadi abdining bumi pertiwi

Nggawe landhep pikiring para siwining negri

Kudu bisa digugu lan ditiru

Digugu pocapanku

Ditiru tumindaku

Supaya ora nggawe nacad jeneng guru

Nadyan kala-kala abang kuping iki

Merga tumindaking siwi

Daktampa kanthi lilaning ati

Aja nganti sepi ing kawruh

Aja pisan-pisan pikire landhep dengkul

Cancut taliwanda

Adus kringet aku lila

Adol swara lan ngelmu kanggo majuning negara

Paling Sabar

Nalika mbiyen aku sekolah, ana guru paling sabar

Yen aku salah ora nesu apa maneh mara tangan

Nanging pitutur apik seng metu agawe aku sadar

Guruku sing paling sabar

Nadyan aku dudu putrane, nanging guruku panggah nresnani

Nadyan aku dudu anake, nanging guruku panggah tlaten

Guruku sing paling sabar

Panjenengan paring wanti-wanti marang aku

Kanggo urip bisa mulya lan mukti

Aku mung bisa nyuwun marang Pangeran

Muga panjenengan terus sehat lan diparingi kesabaran

Muga panjenengan tansah pinaringan kebahagiaan

Puisi Bahasa Jawa tentang Alam

Esuk-Esuk

Esuk…

Esuk iki

Gini, gimah, lan giman

Bar sarapan nyeruput wedang

Maring sawah ora ngitung wayah

Tumandang ngawe buruh tani maring Bu Khadijah

Mantun lan ndamel gubuk, tunggu manuk

Rawa Pening

Ngadeg jejeg ing tepine rawa

Suwara endah angin krungu ana tainganku

Mecah kasunyinan desa tepi rawa

Angin kang sumilir

Ana ing antarane godong-godong

Srenge abang branang

Soko kulon katon nyenengake

Nganti tibaning langit penteng

Angin ing kampungku sore iki

Paru-prau nelayan satya nunggoni tekane

Diombang-ambingke ombak rawa

Prau nelayan golek iwak ing padange rembulan

Prau katon katiup angin

Nanging nelayan kuwi nora wedi

Amergo angin ombak dadi kancane saben dina

Petenge wengi kang wus sepi nyenyet

Mbulan katon mlaku soko ngetan ke ngolon

Padhang bulan madhangi pelataran

Litang-litan katon gumebyar

Kang ora kepetung driji

Mandengi jagat kang wus sepi

Contoh Puisi Bahasa Jawa Singkat

Crita Marang Aku

Senajan ora mesthi bisa mungkasi

Lilakna aku andum donyamu

Kang kebak dening kaendahan

Sing durung kasunyatan

Aku duwekmu wengi iki

Iki ragaku

Iki sukmaku

Aku lila disiksa

Nganti ora ana sisa

Apike Alam

Ati sing lara dadi waras

Yen ndeleng apike alam iki

Pikiran sing lesu dadi tuntas

Ndeleng ciptan sing Kuasa

Matur syukur marang Gusti

Sing wis nyiptake bumi iki

Lan saisine

Kita kudu ngrawat alam iki

Marang dunya kang luwih apik

Tresna

Tresna kuwi sepele

Tresna kuwi ya kowe karo aku

Tresnamu kaya surya

Nanging ya kaya samudra

Tresnamu bisa nekakake mega

Nanging saiki tresnamu kaya dahana

Awit aku mbok tinggalna

Langit data peteng

Ora ana candra apa maneh kartika

Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela

Maruta, kandhakna yen aku isih tresna

Contoh Puisi Bahasa Jawa Geguritan

Kanggo Kanca

Biyen, tanganmu genggem tanganku

Biyen, pundakmu enek kanggo aku nangis

Biyen, guyumu nentremke atiku

Nanging saiki….Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku

Kanca-kancaku kabeh, bayangna

Apa sajatining kahanan sajroning dunya

Yen ora ana welas lan asih

Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih

Ing sakjroning manah atiku

Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku

Kanca lan kancaku

Elinga rasa atiku iki

Jaganen rasaning welas asih iki

Gusti

Gusti…

Dalem namung tiyang kang lemah

Kang boten saged mlampah piyambak

Gusti…

Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil

Tansah kegoda kesenengan donya

Gusti…

Hamung siji panyuwunku

Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti

Duh Gusti…

Puisi Bahasa Jawa Singkat

Korupsi

Abang putih ngadek duwur ing langit pertiwi

Wujud getih lan balung para pahlawan

Apa  kowe pada eling?

Miline luh lan kringet kang pada kebacut tumbal

Tumbal kanggo kemerdekaan

Saiki apa malah kowe ngapusi, kowe korupsi

Pikiranmu amba kebak arta

Raimu wes ra duwe isin

Dijak rembug malah angler

Rakyatmu pada kuru, malah kowe lemu

Rakyatmu pada mlarat, malah duitmu sak arat-arat

Mulane, sing pada makmur sapa?

Ora liyo neh yaiku kowe lan kanca-kancamu

Sing pada tumindak ala ing rakyatmu

Mula, ayo pada bareng-bareng brantas opo iku korupsi

Supaya pada mbangun bangsa lan Negara Indonesia ingkang sumringah

Bangsa lan Negara kang apik budi lan pinutur

Bangsa lan Negara kang sejahtera lan makmur

Begal

Begal…

Kowe pinter golek akal

Sapa wonge bakal didadekake kowe tumbal

Kowe, begal utege uwis koyo kadhal

Yen kowe kecekel tak dulangen sandal!

Begal…

Kelakuane luwih nglarani

Kowe nggawa pitul nembak wong nganti mati

Kudune begal kuwi dibrantas ana ing ngendi-endi

Ketemu, ngrampas lan ditembak mati

Kelakuane begal saiki wes kebangeten

Kerep anane gawe korban

Donya iki brana asil rampokan

Hukume haram yen dipangan

Ingkang bakal nimpa siksa ono ing nraka jahanam

Segara Aru

Bener lan yekti

Ananging sliramu dadi seksi

Marang para pahlawan sejati

Ingkang mulih aran awit bekti

Ingkang mangku awit jejibahan

Marang tugas ingkang luhur lan jujuring palagan

Ingkang ngemban amanat ayahan

Segara aru kang biru lugu blak-blakan

Ingkang ngemu madu

Marang madune bangsa satuhu

Kang Asma Yos Sudarso yaiku

Korban kang ono ing Segara Aru

Saking ludira ingkang wekasan

Ingkang kanggo nebus Irian

Yos Sudarso salah sijining kang gugur kalayan

Lan asma ingkang wis misuwur ing bebrayan

***

Semoga artikel ini bermanfaat untuk kamu ya, Property People.

Simak terus informasi menarik lainnya di Berita.99.co.

Cek juga update-nya di Google News Berita 99.co Indonesia.

Jika kamu sedang mencari rumah di sekitar Bandung, bisa jadi Dago Village adalah pilihan yang ideal.

Cek selengkapnya di www.99.co/id dan rumah123.com, karena kami selalu #AdaBuatKamu.

Artikel ini bersumber dari berita.99.co.

error: Content is protected !!